Senin, 11 Januari 2016

UJIAN PRAKTIK KELAS XII TAHUN PELAJARAN 2015/2016 SMAN 15 SEMARANG



PIDHATO ATUR PAMBAGYA SAKA KULAWARGA
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, sesepuh ingkang kinabekten. Para rawuh  ingkang minulya.
Sumangga, kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puji sukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit saking idinipun saengga kita saged makempal ing mriki kanthi rahayu nir ing sambikala.
Kula nyuwun pangapunten amarga sampun kumawantun ngadeg wonten ngarsa panjenengan, inggih awit saking kersanipun Bapa ….(diisi jeneng sing duwe omah) sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh wonten acara sukuran wiyosan putranipun Bapa ….(diisi jeneng sing duwe omah)
Kejawi saking menika Bapak ….(diisi jeneng sing duwe omah) kulawarga ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit sadaya pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon. Mugi amal kasaenan panjenengan sadaya pikantuk leliru saking Gusti Allah.
Para rawuh ingkang kinurmatan, rikala dinten ….(diisi dina) surya kaping ….(diisi tanggal) wanci tabuh ….(diisi jam) Bapak ….(diisi jeneng sing duwe omah) sakulawarga pikantuk kanugrahaning Gusti inggih menika pinaringan momongan ingkang mijil ....(milih kakung/estri) wonten ing griya sakit ….(diisi jeneng rumah sakit), kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa. Wondene jabang bayi ingkang pinaringan nama ….(diisi jeneng bayi) Dhumateng panjenenganipun para rawuh, keparengan paring donga. Mugi-mugi putra ingkang mijil menika tansah pinaringan rahmating Gusti. Dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuhipun sarta migunani dhateng sesaminipun.
 
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangka pungkasaning atur, mbokbilih anggenipun nampi rawuh panjenengan sadaya kathah kekiranganipun, kula minangka sesulihipun Bapa….(diisi jeneng sing duwe omah) sakulawarga, nyuwun samodra pangaksama. Semanten ugi kula pribadi, menawi kathah kalepataning atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangaksama. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar